Ansor Sragen Siap Gebyar Harlah ke-91, 3.000 Banser Bakal Tumplek Blek nang GOR Diponegoro

SRAGEN, Kabarsukowati – Pimpinan Cabang Gerakan Pemuda Ansor Kabupaten Sragen siap nggelar puncak peringatan Hari Lahir (Harlah) ke-91 kanthi acara akbar nan meriah. Kegiatan inaugurasi iki bakal digelar Sabtu, 10 Mei 2025 bertempat nang Gedung Olahraga (GOR) Diponegoro Sragen, lan dijadwalke bakal dihadiri sak 3.000 kader Ansor-Banser se-Kabupaten Sragen.

Ketua Panitia, Robby Isnan Abdillah, nyampaikan yèn acara iki didadekke ajang konsolidasi kekuatan kader sekaligus perayaan semangat perjuangan pemuda Nahdliyin nang jaman saiki.

"Insya Allah acara puncak Harlah iki bakal meriah. Sakdurungé inaugurasi, kita wis nyiapke rangkaian kegiatan, mulai saka donor darah, Apel Patriot Ketahanan Pangan, nganti pagelaran budaya ketoprak ngampoeng," ujare Robby, Rabu (29/4).

Pagelaran ketoprak ngampoeng iki bakal dadi daya tarik utomo, mergo bakal nggandeng seniman-seniman Balekambang Surakarta sing kondhang, lan kolaborasi karo Bakar Production. Robby negeske yèn nilai seni lan budaya ora bisa dipisahke saka ruh perjuangan GP Ansor.

"Ansor kuwi ora mung jaga NKRI, tapi uga ngajeni warisan budaya leluhur. Makane, pagelaran budaya iki dadi bentuk syukur lan ekspresi kultural saka kader-kader muda Ansor," tambahé.

Kegiatan iki uga diharap bisa ngobong semangat patriotisme lan gotong royong ning kalangan pemuda, khususé kader Ansor-Banser, supaya tansah siap mbela bangsa lan agama kanthi jalan damai lan berbudaya.

"Yen kabeh lancar, iki bakal dadi momentum kebangkitan kader muda NU nang Sragen. Kita ora mung kuat nang akidah, tapi uga nang pangabdian sosial lan kebangsaan," pungkas Robby. (Adm)

Tinggalkan Komentar

Komentar

  • pHqghUme
    Selesa, 25 November 2025
    555